Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

ATUR PAMBAGYO - PASRAH PANINGSET - NAMPI PANINGSET

Jumat, 27 Februari 2015

Nami Kelompok 5 :
1.       Ivan Kurniadi (17)
2.       M. Khaerudin (22)
3.       Sulistyo Joyo (32)
4.       Taufik  Febrianto (33)
5.       Titis Nalurita (34)
Kelas : XII TKR 4
ATUR PAMBAGYO
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Dumatheng para undangan sedaya,ingkang kula baktenisumangga kita tansah ngunjukaken pujo lan puji syukur wonten dalem gusti Allah inggih kanthi rohmat lan hidayahipun dumatheng kita sedaya saengga kita saged wonten ing mriki kanthi slamet.
Lajeng kula aturaken sugeng rawuh dumatheng para undangan sedaya ingkang sampun ing acara niki.
Par tamu sedaya ,kula lan keluarga nyuwun do’a restu kagengan puta lan putri kula menika saged nglampahi acara paningset kanthi lancar. Lan mugi mugi dipun paringaken rahmat ingkang katah saking gusti Allah .
Para undangan sedaya ,cekap semanten atur kula ,kula ngaturaken agunging pangapunten mbok bilih wonten kalepatan ing atur pambagyo kulo.
Wassalamu’alaikum wr. Wb.
PASRAH PANINGSET
Assalamu’alaikum wr.wb.
Kula Nuwun,
Bp SUWARNO  sekalian hingkang winengku hing pakurmatan.
Sowan kula dipun saroyo Bp  MUNAJI kekalih, kadhawuhan matur hing ngarsa panjenengan.
Atur hingkang kapisan, Kula hangaturaken salam wilujengipun Bp SUWARNO  kekalih,mugi katur BPp MUNAJI sekalian,sinartan pamuji mugi Bp SUWARNO  sakulawarga tansah hamanggyo suko basuki.
Hingkang kaping kalih, Kadhawuhan hangantepaken rembag ingkang sampun gumalong hanggenipun Bp MUNAJI  kekalih,badhe mundut mantu putra estri panjenengan pun SULISTYO WATI  badhe kajodhokaken kalian pun Bp SUWARNO  anak jaleripun Bp MUNAJI  kekalih, Hingkang punika kula kadhawuhan haningseti rembag sesambetanipun SULISTYO WATI  kalian pun PRAMUDI ASTOTO Kajawi punika kula ugi kasaroyo hangaturaken Abon-Abon sawatawis minangka rerangkening paningset, mugi Bp MUNAJI  keparenga hanampi. Dene menggah kalajenganing lampah jejodhoanipun lare kekalih punika kula hamung sumonggo hing keparengipun Bp MUNAJI sekalian.
Dene minangka pungkaning atur kula, kula nyuwun pangapunten sedaya kekirangan kula nalika kula matur saha sowan.
Sepisan malih kula nyuwun pangapunten.
Hing wasana cekap semanten atur kula,
Wassalamu’alaikum wr.wb.
Nuwun.

NAMPI PANINGSET
Assalamu’alaikum wr.wb.
Bp SUWARNO  hingkang winengku ing karahayon.
Kula hingkang kapiji Bp SUWARNO  kekalih, Langkung rumiyin kula hangaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan sakadang.
Salajengipun kaparenga kula hanampi salam wilujengipun Bp MUNAJI  sekalian, Hingkang mangke nuli badhe kula aturaken dhumateng Bp SUWARNO  kekalih.
Kajawi hingkang punika,sadaya paring pangandika pangjenengan kados sampun cetho trawoco,
Bp SUWARNO  kekalih hangaturaken sanget agunging panuwun hawit sadaya paparingipun Bp MUNAJI minangka Abon-Aboning paningset.
Dene menggah kalajenganing tatacara badhe dhaupipun SULISTYO WATI  sarta PRAMUDI ASTOTO  sampun wonten hing pamurbanipun Bp SUWARNO  kekalih.
Salajengipun kula nderek nitipaken salam wilujengipun Bp MUNAJI  kekalih mugi katur hing Bp MUNAJI sakaliyan winwntu hing sasanti,mugi tansah rahayuo hingkang sami pinanggih.
Mugi wonteno keparingipun Bp MUNAJI sakadang hanglajengaken lelenggahan wonten papanggihan tatacara ringkes niki punika ngantos dumugi sapari purnanipun.
Hing wasana kula nyuwun pangapunten hawit anggen kula hanampi rawuh panjenengan,saha kirang runtuting anggen kula matur.
Kados cekap semanten atur panampi kula,
Wassalamu’alaikum wr.wb.
Nuwun.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

Blogroll

Most Reading